senengee...eh remenne...
surabaya sampun jawah. deres lho. rata pisan. mboten ngiro menawi jawahipun saged deres tur rata mengeten. meskipun teles kebles amargi bibar lelungan datheng wapo unair...tapi datheng manah mboten wonten raos pegel punapa ngrundel. seneng!!!
lha pripun. sampun dangu surabya mboten jawah. dados....sakmenika hawanipun kraos seger sanget. waduh....raosipun pengen sare mawon. heheheheee......
tapi nggih niku. wonten setunggal kekuranganipun. menawi jawah ....sisah sanget mirsani margi menawi nembe nitih sepeda motor. lha kula ngegem kaca paninggal. dados menawi jawahipun dueres sanget, kacanipun nggih dados burem. salajengipun, mboten patio jelas kagem mirsani kahanan kiwa tengen. menawi kaca paningalinpun mboten dipun agem...walah...tambah mboten saged mirsani jelas, lha wong kala wau sampun dalu, bibar maghrib. nggih sampun. akhiripun dugi kost2anipun septi, rencang kula, nyuwun tisu kagem ngelap kaca niku. lha...akhire nggih terang malih sasampunipun dilapi. hehehee...
susah juga nulis basa jawa
hhuuuffttt......
  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to " "